Contoh Pembukaan Pembawa Acara (MC) Bahasa Jawa

Posting kali ini saya ingin sedikit berbagi contoh pembukaan bagi pembawa acara (MC) bahasa jawa (tuladha pambuka tumrap panatacara). Bahasa jawa merupakan bahasa daerah bagi masyarakat di kawasan Jawa Tengah dan DIY yang mulai dilupakan kalangan muda saat ini.

Pendidikan bahasa jawa kurang begitu diminati oleh generasi muda saat ini. Banyak orang akan bingung ketika diminta berpidato dalam bahasa jawa ataupun diminta menjadi pembawa acara dalam bahasa jawa. Disini saya memberi contoh pembukaan bagi pembawa acara dalam bahasa jawa dalam acara “panggih penganten putri lan kakung”.

sinau basa jawa

Contoh di bawah ini dapat dimodifikasi untuk acara-acara yang lain tergantung kebutuhan.

Tuladha Pambuka tumrap Panatacara.

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Karaharjan berkah saha rahmat kagunganipun Gusti Ingkang Maha Mirah mugi tansah tumedhak lan tumanduk kajiwa kasarira dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula sumrambah kulawarga waradin sagung dumadi lestantun raharja.

  • Ingkang tuhu kinabekten para sesepuh myang pinisepuh ingkah tansah nindakaken mring wewarahing kautaman kinarya tepa palupining putra wayah.
  • Para alim, para ulama ingkang tansah hangugemi mring tuntunan kitab suci, ingkang satuhu luhur ing budi.
  • Para manggalaning praja kinarya pangayomaning pabrayan ingkang tuhu pantes sinudarsana.
  • Para kadang werda, madya, taruna sumrambah para kadang panawung kridha darma ingkang tansah cinaket ing manah, tinangkep ing kekadangan saha tinangsulan raos pasedherekan rinonce sekaring katresnan.
  • Para kadang sutresna budaya adiluhung ingkang tansah memetri mardawaning budaya tulus ingkang pantes nampi pakurmatan.
  • Para tamu kakung saha putri ingkang sulistya ing budi.

Kalangkung rumiyin sumangga kula dherekaken muji syukur konjuk dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, nenggih Gusti Gung ingkang minangka sumbering sumber hanyumberi sekabehing sumber, nenggih Allah SWT. Kacihna sampun mbabar kanugrahan ingkang mawurahan, paring kekiyatan dalah kawilujengan satemah panjenengan sedaya dalasan kula saged pepanggihan kempal manunggal ing papan menika kanthi winengku ing suka dalah basuki.

Rahmat saking Allah SWT mugi tetep linuberna dhumateng priyagung paunggulaning manungsa sasotyaning bumi mustikaning jagad nenggih nabi agung Muhammad SAW dalah kulawarga sumrambah para sahabat, mugi saged lumuber dhumateng sagung pandherek kalebet panjenengan sedaya dalasan kula, ingkang tansah hangantu-antu payung pitulunganipun utawi syafa’atipun wiwit wonten donya dumugi ing dinten kiyamat.

Salajengipun mugi wonten keparengipun kula................saking...............cumanthaka lumarap atur satemah hangirangi kamardikan nyigeg anggenipun imbal wacana.
Kula ingkang kapiji minangka juru pangendali wara kinen handherekaken upacara wiwahan dhauping penganten sarimbit, nenggih atmaja putrinipun bapa Harjuna ingkang asesilih kusumaning ayu Pregiwa kaliyan bagus Kacanegara putra kakungipun bapa Werkudara ingkang lenggah dedalem ing Jodipati.

Sanggyaning tamu kakung saha putri ingkang tansah sinugata ing pakurmatan, wondene reroncening adicara ingkang badhe hangrenggani upacara wiwahan dhauping penganten sarimbit ing wekdal menika ingkang sampun rinancang, rinancik, rinumpaka dening kulawarga sinengkuyung para kadang panawung kridha darma, nenggih ingkang badhe katur mekaten :

  1. Titi laksana ingkang sepisan nenggih pambuka.
  2. Kalajengaken adicara ingkang urut kalih nenggih lumabaring sri atmaja penganten putri ing sasana rinengga.
  3. Ingkang rinancik ing adicara urut tiga nenggih rawuhipun penganten kakung kalajengaken srah panampi.
  4. Wondene adicara urut sekawan, upacara adat panggihing pengenten sarimbit.
  5. Pamaosing ayat suci Al Qur’an rinancik ing adicara urut gangsal.
  6. Ndungkap adicara ingkang ururt enem, nenggih atur pambagyaharja.
  7. Kirabing temanten, rinonce ing adicara urut pitu.
  8. Saparipurnaning kirab, tumuli kalajengaken adicara ingkang urut wolu nenggih wedharing sabdatama.
  9. Lajuning upacara ndungkap adicara ingkang urut sanga nenggih hastungkara utawi donga.
  10. Wondene ingkang minangka warujuning adicara nenggih panutup.

Mekaten sagung tamu kakung saha putri, reroncening adicara ingkang badhe angrenggani pawiwahan ing wekdal punika.
Salajengipun kanthi tansah hanyadhong pangayoman mring Gusti Ingkang Maha Agung, mugi wigatining sedya purwa madya dumugi wasana tansah pikantuk payung kawilujengan satemah lestantun raharja.

Rehning sedaya sampun samekta tuwin satata miwah sri atmaja penganten sarimbit ugi sampun purna nggenya ngrasuk busana temanten, pramila adicara tumuli badhe kula wiwiti.
Minangka pambuka, kula ngaturaken sesanti “Pamiyaking warana kinarya sarana hamemayu hayuning sasama”.
Katur dhumateng para tamu, kula dherekaken sekeca lenggah kanthi mardikaning penggalih hangantu adicara salajengipun, nuwun.

Dalam posting berikutnya saya akan melanjutkan dengan contoh pembawa acara bahasa jawa menyampaikan tiap-tiap acara (tuladha ngaturaken saben-saben adicara tumrap panatacara).

0 komentar

Post a Comment